Agenda

Ups...!

Untuk sementara data bagian ini belum tersedia, mohon maaf atas ketidaknyamannya

Media Sosial Desa

Media Sosial
Desa Kuwu Kecamatan Kradenan, Kabupaten Grobogan

Komentar

Profile Desa

Jenis Tanah : Sawah
Topografi : Dataran Rendah
Sumber Daya Alam : Air, Tanah dan Pertanian
Flora Fauna :
Rawan Bencana :
Kearifan Lokal : Bledug Kuwu
Jenis Jaringan :
Provider Internet :
Cakupan Wilayah :
Kecepatan Internet :
Akses Publik :
Regulasi Penetapan [Desa] Adat :
Dokumen Regulasi Penetapan [Desa] Adat : -
Status Desa : Bukan Adat
Lembaga Adat :
Struktur Adat : -
Wilayah Adat :
Peraturan Adat :

Video

SekilasInfo
WARGA KUWU DIHIMBAU UNTUK TAAT BAYAR PAJAK PBB 2026 GGHGHGHGH

Tililik Desa,Tim Kecamatan Kradenan Gelar Monev Semester 1 ing Desa Kuwu.

30

Jul
2026

Dibuka
37 Kali

30-07-2026 13:22:23

37 Kali dibuka

Admin : Administrator

KUWU, KRADENAN – Dina Kemis, 30 Juli 2026, swasana ing Balai Desa Kuwu, Kecamatan Kradenan, Kabupaten Grobogan katon guyub lan rada beda. Dudu amarga ana hajatan, nanging lagi ana kagiyatan penting yaiku Monitoring lan Evaluasi (Monev) Semester 1 saka tim Kecamatan Kradenan kanggo Pemerintah Desa Kuwu.

Acara iki ditekani langsung dening kabeh jajaran Perangkat Desa lan anggota BPD (Badan Permusyawaratan Desa). Pihak desa dipimpin langsung karo Pak Sekdes Kuwu, Dedi Sunaryo. Kanggo sing dadi tim penilai utawa pengawas saka pihak Kecamatan, rawuh Pak Sekcam Kradenan, Imam Adi Santoso. Ora lali, ana uga Mbak Lia Ikawati sing teka minangka perwakilan saka BPD Desa Kuwu.

Rapat iki digelar kanthi konsep sing rapi. Meja ditata wujud huruf U kanthi taplak warna abang. Para pimpinan rapat lenggah ana ing ngarep dewe (panggung), dene para Perangkat Desa lan BPD padha lenggah jejer-jejer ngubengi meja. Senajan acarane penting lan bahasane serius babagan kinerja desa, nanging swasana tetep mlaku kanthi santai, gayeng, lan rukun.

Ing sambutan lan arahane, Pak Sekcam Imam Adi Santoso ngendikake menawa kegiatan Monev iki dudu kanggo nggolek-nggoleki salahe perangkat desa. Tujuane murni kanggo ngecek bareng-bareng kepiye lakune program desa, panggunaan anggaran, lan administrasi sakjerone setengah taun pungkasan (Semester 1). Karepe, nek misal ana sing isih kurang pas utawa ana kendala, bisa ndang dicarikake solusine supaya pelayanan kanggo warga Desa Kuwu tambah joss lan maksimal.

Pak Sekdes Dedi Sunaryo sing makili Pemerintah Desa Kuwu uga nyambut apik anane acara evaluasi iki. Dheweke ngaturake laporan babagan apa wae program sing wis kasil digarap dening Desa Kuwu ing awal taun 2026 iki.

Ora keri, Mbak Lia Ikawati saka BPD uga nyampekake pirang-pirang masukan penting. Minangka wakile masyarakat, BPD nduweni peran penting kanggo ngawal supaya kabeh program desa pancen bener-bener migunani lan pas sasaran kanggo kesejahteraane warga.

Alhamdulillah, saka esuk tekan awan, acara Monev mlaku kanthi lancar. Kabeh peserta katon antusias ngrungokake evaluasi lan arahan. Muga-muga bar ana kegiatan kaya ngene, kinerja Pemerintah Desa Kuwu tambah maju, pembangunane tansah transparan, lan warga Kuwu mbesuke tambah makmur. Maju terus Desa Kuwu!

Kirim Komentar

Nama
No. Hp
E-mail
Isi Komentar
CAPTCHA Image
jelajah

Desa

statistikdesa

Data Populasi Desa Kuwu, Kecamatan Kradenan, Kabupaten Grobogan

Laki-laki : 3178 ORANG

Perempuan : 3081 ORANG

TOTAL : 6259 ORANG

3178

Laki-laki

3081

Perempuan

0

BELUM MENGISI

6259

TOTAL

KK

Dusun

Layanan

Mandiri

Hubungi Perangkat Desa Untuk mendapatkan PIN

Transparansi

Anggaran

Data APB Desa sebagai wujud transparansi Pemerintah Desa dalam mengelola keuangan

Pendapatan

Anggaran

Rp 30.000.000,00

Realisasi

Rp 0,00

Hasil Aset Desa

Anggaran

Rp 30.000.000,00

Realisasi

Rp 0,00

APB Desa

APBDes 2026 Pelaksanaan

Pendapatan

Anggaran

Rp 30.000.000,00

Realisasi

Rp 0,00

0%

APBDes 2026 Pendapatan

Hasil Aset Desa

Anggaran

Rp 30.000.000,00

Realisasi

Rp 0,00

0%

APBDes 2026 Pembelanjaan

Login Admin
Sekilas Info
Ke Atas Halaman

Desa Kuwu

Kecamatan Kradenan, Kabupaten Grobogan Provinsi Provinsi Jawa Tengah

Kode Desa : 3315072012

Domain : desa-kuwu.id

Untuk Aktivasi Tema Rangkiang
Silahkan Hubungi Pengembang